Senin, 06 Januari 2020

Seni Pagelaran Jawa


Seni Pagelaran Jawa
Teks eksposisi yaiku wacana kang njelentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supoyo pamaos oleh informasi kang genep babagan sawijining objek, sabanjure pangreten pamaos isa mundhak. Mula saka iku, karangan eksposisi asipat menehi ngreti, ngonceki, aweh pamrayoga ( saran ), utawa ngandharake sawijining bab. Panuliasane iki isa ditindakake lumantar sadhengah cara panjelasan, ing antarane penjelasan proses lan penjelasan ilustrasi.
1.     Bab kang diinformasekakeing karangan/wacana eksposisi isa awujud :
·       Data factual;
·       Sawijining analisis utawa penapsiran objektif marang saprangkat fakta;
·       Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.
2.     Penjelasan proses utawa operasional iku penjelasan kang mbudi daya mangsuli pitakon :
·       Kepriye sawijining pakaryan?
·       Kepriye sawijining dumadi?
·       Objek utawa bab iku klebu tahap kang endi?
·       Objek utawa garapan iki dumadi saka tahap-tahap endi wae?
3.     Eksposisi kudu ngemot perangan-perangan kaya andharan iki.
·       Njlentrehake panemu, gagasan lan keyakinan;
·       Mrelokake fakta kang dikuatake utawa dicethakake kang angka, peta statistik, grafik, organiagram, gambar, lan sapiturute;
·       Mrelokake analisis lan sintesisi nalika ngonceki bahan lan fakta;
·       Nggoleki sumber ide saka : pengalaman, pengamatan, sika plan keyakinan.
4.     Pathokan panulise eksposisi.
·       Eksposisi mung ngupaya kanggo nyethakake utawa njlentrehake sawijining pokok prastawa/persoalan.
·       Isi eksposisi ora duwe karep ngundang reaksi, ndayani sikap lan panemune pamaos.
·       Gaya eksposisi kudu informatif lan ngyakinake.
·       Basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional.
·       Ing eksposisi, fakta-fakta mung digunakake dadi piranti konkritisas, maksude gawe rumusan lan kaidah kang dijlentrehake  supaya tambah cetha ( ora dadi bahan pambuktiane ).
·       Eksposisi ngupaya kanggo njembarake pamawas lan pangretene pawongan marang objek kang dirembug.
·       Panulis eksposisi kudu ngreti prastawa kang diandharake.
·       Panulis eksposisi kudu prigel nganalisis prastawa kanthi cetha lan konkret.

1.     Purwakanthi
   Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda  utawa tembung ing saburine.
Tuladha :
Kudu jujur yen kowe kepingin makmur.
Ana dina ana upa, ana awan ana pangan.
Ing ukara kasebut ana swara kang runtut saengga kepenak durungokake yaiku swara “ur”.
Ana ing ukara kapindho ana swara kang runtut yaiku swara “a” lan swara “an”.
Purwakanthi ana werna 3 yaiku :
·       Purwakanthi guru swara : yaiku purwakanthi kang runtut swarane,
Tuladha :
Watake putri  kudu gemi, nastiti, lan ngati-atu
Gliyak-gliyak tumindak, alon-alon waton kelakon
Yen gelem obahbakal mamah
·       Purwakanthi guru sastra : yaiku purwakanthi kang runtut sastrane utawa tulisane.
Tuladha :
Para mudha kudu nduweni watak tata titi tatag tutug lan tanggon
Dhasare wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebet
Sluman slumun slamet
·       Purwakanthi lumaksita utawa ana sing ngarani purwakanthi guru basa : yaiku purwakanthi sig tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake. Tembung guru ing kene tegese paugeran utawa pathokan. Purwakanthi guru swara ateges purwakanthi kang nganggo pathokan  swara.
Tuladha :
Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Nora gampang wong urip neng alam Donya.
Witing klapa, klapa mudha saupama. Salugune mung mardi reh raharja.
Begja-begjane kang lali, iseh begja kang eling lawan waspada.

2.     Parikan
       Parikan yaiku tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg. Tembunge liya parikan iku rerangkening tembung kang awewaton gunggunging wanda, runtuting swara ( vocal ), lan nganggo pathokan pambuka sarta tundhone isi dadi bakuning akrep ( maksud ). Ing piwulang basa Indonesia parikan iku diarani pantun. Ciri-cirine :
a.     Cache wanda ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.
b.     Ukara kang ngarep mung kanggo bebuka, dene ukara sabanjure minangka isi ( wose ).
c.     Tibaning swara ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.
d.     Parikan bias kedadeyan saka rong gatra, nanging uga bias patang gatra.
e.     Bisa kedadeyan saka 4 wanda saben sagatra lan uga bias kedadeyan saka 8 wanda saben sagatra.
Tuladhane :
1)    Parikan kedadeyan saka 2 gatra :
Wajik klethik, gula jawa
Kalah dhisik, ora papa
Kutha Kendhal, kali wungu
Ajar kenal, karo aku
Ngasah arit, nganti landhep
Dadi mured, kudu sregep
2)    Parikan kang kedadeyan saka 4 gatra :
Bibi Surip tuku klobot,
Pethuk encik tawa roti.
Uwong urip pancen abot,
Mul becik ati-ati.

Jangan kacang jangan kara,
Kaduk uyah kurang gula.
Piwelingku mring para mudha,
Aja wedi ing rekasa.
3.     Wangsalan
           Wangsalan yaiku unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangane (wangsulane) wis dikandhakake. Mung anggone ngandhakake ora kanthi melok, jelas utawa cetha, nanging sarana disebutake sawanda utawa luwih. Wangsalan ana kang gampang ditegesi, nanging uga ana kang kudu njlimet anggone nggoleki karep kang saknyatane.
Tuladha :
1)    Jenang gula, kowe aja lali
2)    Njanur gunung, kadingaren kok wis rawuh
3)    Jangan gori, nganti judheg anggonku ngrasakake
Pratelan ing ndhuwur bias diarani wangsalan, amarga nitik saka ukarane wis ana wangsulan tumrap cangkriman kang dikarepke, yaiku (1) jeneng gula iku arane glali, mula bias dadi tembung lali, (2) janur gunung iku arane aren, mula bias dadi tembung kadingaren, (3) jangan gori iku arane gudheg mula bias dadi tembung judheg.
4.     Basa rinengga
       Basa rinengga yaiku basa kang kalebu susatra rinacik mawa basa kang endah. Endahing karangan kasawung sarana isi kang narik kawigetan lan nyenengake, sarta basa kang edi peni. Edi penining basa warna-warna, lan katon manawa diucapake. Racikaning basa kang edi peni karana  rinengga-rengga lan warna-warna rerengganing basa. Kajaba marga endahing prakara runtut lan mathis panataning tembung lan ukurane. Endahing karangan marga cocog pamilihing tembung.
          Upamane, bab anggone migunakake tembung camboran, dasanamaning tembung. Luwih-luwih bab pamilihing tembung lan kridhaning swara ing sajroning ukara. Kadhang kala endahing karangan utawa rumpakan karana mathis pamilihing busananing basa. Umpamane, bab pangraciking swara lan pangrakiting tembung. Ing istilah Jawa ana kang ingaran purwakanthi.
Disqus Comments